Haloo semua disini saya akan menjelaskan apa sih ujian praktik mapel Bahasa Jawa ku????
nahh jadi di sini ujian praktik Bahasa Jawa ku itu di suruh bikin Crita Cerkak guysss, kalian bisa baca daan menyimak Crita Cerkak yang aku buat di bawa ini yaa
Nama
: Kelvin Oktavian Freta Saputra
No.
Presensi : 18
Jenengku Raka. Aku
lair lan gedhé ning desa cilik jenenge Karangjati, sing mapan ing pinggiran
kutha. Aku siswa SMP kelas wolu sing seneng marang kahanan desa sing tentrem
lan ayem. Uripku prasaja, saben dina dakisi karo kegiatan sing wis dadi
kabiasaan. Meskipun ora ana sing istimewa, nanging aku seneng lan rumangsa
wareg.
Saben esuk, jam
lima kurang sakperapat, aku tangi turu amarga krungu swara adzan subuh saka
masjid kampung. Banjur aku ndedonga subuh bareng bapak lan ibu. Sawisé kuwi,
dakwiwiti dina karo nyapu latar omah lan nyiram kembang. Saben dina esuk hawa
isih seger, swara manuk padhang mbengi lan semilir angin kaya ngelingaké yèn
dina anyar wis diwiwiti.
Jam enem, aku
siap-siap sekolah. Seragam dakgantung rapi saka wengi, sepatu wis dicuci lan
disemir, tas sekolah wis dakisi buku-buku miturut jadwal. Aku banjur sarapan
karo kulawarga. Ibu masak sayur bening lan tempe goreng, panganan sing
sederhana nanging ngelingaké rasa tresna lan kasetyan wong tuwa.
Jam setengah pitu,
aku budhal menyang sekolah numpak pit bareng kancaku, Dani. Perjalanan menyang
sekolah mung butuh 15 menit. Ning dalan, aku seneng weruh warga sing padha
sibuk, ana sing nyapu dalan, ana sing dodolan sarapan, ana uga sing ngumbah
klambi. Suasana desa pancen anget lan ramah.
Sakwise tekan
sekolah, kegiatan sinau dimulai. Pelajaran pisanan basa Jawa, gurué Pak Suyono
sing lucu lan sabar. Sawisé kuwi ana matematika, pelajaran sing angel nanging
dadi tantangan kanggo aku. Nalika istirahat, aku tuku jajanan ning kantin
sekolah: cilok, es teh, lan gorengan. Karo kanca-kancaku, aku crita-crita,
guyonan, lan sesekali ngritik pelajaran sing angel, nanging tetep semangat.
Jam setengah loro
awan, sekolah rampung. Aku bali menyang omah, salin klambi, banjur mangan awan
karo ibu. Bapak biasane durung bali amarga makarya nang sawah nganti sore.
Sakwisé mangan, aku bantu ibu ngladeni warung cilik ing ngarep omah. Aku sinau
ngitung dhuwit, nyathet barang, lan ngajari adik cilikku maca.
Sore jam papat
nganti jam lima, biasane aku dolanan bal-balan bareng kanca-kanca. Lapangan
desaku pancen ora amba, nanging cukup kanggo dolanan. Kita padha ngguyu,
rebutan bal, sesekali ana sing nesu amarga kalah, nanging sedhela banjur rukun
maneh. Dolanan bal nggawé awak sehat lan tambah akrab karo konco.
Malamé, aku sinau
lan nggarap PR. Yen wis rampung, aku nonton TV bareng kulawarga utawa maca
buku. Kadang aku krungu bapak crita soal jaman mbiyen wektu isih sekolah,
critane lucu lan marahi aku mikir yèn sekolah kuwi penting banget. Aku banjur
turu jam sangang bengi supaya esuké bisa tangi seger lan semangat maneh.
Kegiatan saben
dintenku pancen prasaja, ora ana sing nggumunake, nanging saka kono aku sinau
babagan tanggung jawab, kedisiplinan, lan rasa syukur. Aku rumangsa bahagia
bisa urip bareng kulawarga sing rukun, sekolah sing nyaman, lan kanca-kanca
sing lucu. Muga-muga dina-dina sabanjuré tetep maringi berkah lan semangat
kanggo ngupaya masa depan sing luwih apik
0 komentar:
Posting Komentar